“Suwung Tan Ana”
Ong,
sadurunging swara,
sadurunging rasa,
sadurunging aku nyebut: Ingsun.
Mili kaya banyu,
tanpa ngerti yen mili.
Madhangi kaya srengenge,
tanpa ngerti yen madhangi.
Kaya dhaharan ana piring,
durung mlebu cangkem,
isih disebut: dhaharan.
Nanging wis mlebu weteng,
nyawiji dadi daging,
sapa isih nyebut: dhaharan?
Ong iku ora kacekel,
ora katon,
ora kinaya ngapa.
Dipikir—adoh.
Dikarep—ilang.
Njero lan njaba,
mung jeneng kosong.
Sadèrènging jeneng,
Ong wis manggon ana.
Tembungmu mung reretakan,
pitakonmu mung layang gumebyar,
jawabanmu mung angin liwat.
Awit kang sejati,
tan kena kinaya ngapa.
Mangkono, swara—
suwekna.
pikiran—
lirwakna.
kepinginan—
perna.
Amarga kang sejati,
lumaku ing suwung.
Kaya embun ana pucuk godhong,
ora milih tiba,
nanging tiba.
Kaya meneng ing wengi,
ora milih sepi,
nanging sepi.
Kepiye mulang iwak ngenali banyu?
Kepiye nerangake cahya marang srengenge?
Kepiye nduduhake angin
marang ambeganmu dewe?
Wong-wong padha golek,
numpak pitakon,
mlaku muter muter,
pungkasane bali,
marang papan kang ora tau ditinggal lunga.
Ong…
ora perlu diimani,
ora perlu dimangerti,
amarga sanajan disangkal,
kowe isih renang ana ing Ong.
Mangkono…
ajining meneng.
Meneng kang ora bisu,
meneng kang ora sepi,
meneng kang nampa,
meneng kang tanpa kepengin.
Lan ing kono,
Ong ndadekake awakmu meneng.
Suwung kang tan ana.
Ong kang tan kinaya ngapa.
~Tanpa Aran

Tidak ada komentar:
Posting Komentar